Minggu, 26 Agustus 2012

"KULA SAMPUN KAPOK SAESTU"
(Wohing Karohanen Taroanggro: Desa Reco-Kertek-Wonosobo)

Ana salah sawijining brayat sing lagi nandhang susah. Bapak ing kulawarga kono wis suwé ginanjar lara. Saomah wis padha mbudidaya golèk obat lan nambakaké sing lara mau, nanging ora kasil. Banjur saomah padha sembahyang bebarengan. nDilalah ana suster ing desa kono sing ahli ramuan obat tradisional. Bapak mau diaturi ngunjuk godhogan godhong imbau. Lan pancen banjur ana kacèké lan let sawetara dina mari larane. Kaya ngapa bungahe brayat mau. Bapak mau banjur mblakakake kaanane, menawa anggone lara mau sejatine kakèhan anggone mikiraké kaanan ekonomining brayat, sing rusak marga salahe dhewe, yaiku kanggo main lan adu jago. Lan wiwit nalika iku bapak mau banjur sadhar lang ngowahi uripé. Bapak mau banjur sowan rama lan matur, "Rama, samenika celengan kula wonten griya sampun kahtah. Awit arta ingkang adat-sabenipun kula telasaken kangge main lan adu jago samenika kula celengaken kangge kulawarga. Kula sampun kapok saestu!" (Al. Budyapranata, Kumandhanging Sabda Dalem).

Kita pracaya menawa Gusti maringi dalan kanggo urip kita iku sansaya dina sansaya apik. Wong-wong kang uripe suci mau sejatine ana pamartobat. Ignatius Loyola (1491 – 1556) nandhang lara amarga kena peluru rikala ana ing Benteng Pamplona. Kanggo ngisi wektu kang kosong, piyambaké, maos buku Gesanging Kristus lan Para Suci. Kanthi mangkono, Ignatius dadi "wong anyar" lan dadi pendherek Kristus kang mumpuni banget. Umar bin Khattab (581 – 644) kang dadi pandherek Rasullulah kang mantep, rikala Al-Qur'an diwacakaké.

Berkah Dalem! (24 Agustus 2012).

Markus Marlon MSC
Skolastikat MSC
"Biara Hati Kudus"
Jl. Raya Pineleng KM. 9
PINELENG – MANADO
95361


Web : http://pds-artikel.blogspot.com

Tidak ada komentar: