Jumat, 17 Agustus 2012

"URIP IKU AJI BANGET"
(Wohing Karohanen Taroanggro: Desa Reco-Kertek-Wonosobo)
 
Coba ayo padha digagas, "Saupama manungsa kuwi ora bisa mati lan diparengake urip terus, kira-kira banjur kepriye?" Dak kira jagad iki bakal ana lelakon sing nggegirisi banget, awit bakal ana banjir manungsa. Salagine, saiki wae ing pulo Jawa wis kekebaken penduduk nganti uyel-uyelan, nganti carane prau ngono wis meh kerem, mendah yen isih kudu ditambahi maneh (Al. Budyapranata, Kumandhanging Sabda Dalem).
 
Yen urip kita ora winates, mesti wae malah ora ana ajine. Tegese,  urip banjur dadi inflasi utawa meh ora ana ajine. Kaya dene banyu iku larang regane yang mung sethithik, nanging banyu iku yen turah-turah lan mbludag-mbludag malah ora ana regane.
 
Nabi Muhammad  SAW, ana ing hadis  nate ngendika, "Sakbecik-beciking manungsa yaiku wong kang migunani kanggo  pepadha" (Imam Bukhari).  Urip kita iku nduweni tujuan yaitu migunani kanggo pepadha.  Ana crita saka negara Jerman. Rikala Perang Dunia II  njebluk, akeh wong-wong kang dikunjara ana ing kamp konsentrasi. Ing kono ana tawanan kang dipeksa kerja mikul  watu saka gapura menyang lapangan. Tawanan mau mongkog atine amarga uripe migunani kanggo wong akeh. Nanging sawise watu-watu wus kakumpulake, banjur komandang celathu, "Saiki pindahno maneh watu-watu iku ing ngisoring gapura!"  Mesthi wae, tawanan mau nduweni pangrasa yen dheweke dadi wong kang ora migunani.  Mula terus nglalu utawa njarag mati.
 
Ana ing alam donya kene, kita iku dadi khalifatulah,tegese manungsa sing ngulawentah donya iki supaya manungsa urip kanthi tentrem lan ayem (bonum commune).  Kita migunakake  bakat, talenta lan tenaga kita kanggo pepadha. Kita diajak dadi wong kang loma (murah ati) lan enthengan.
         
Dadi sing perlu dudu umur dawa, nanging kepriye anggon kita migunakake urip iku  sakapik-apike (17 Agustus 2012).
 
Markus Marlon MSC
Skolastikat MSC
"Biara Hati Kudus"
Jl. Raya Pineleng   KM. 9
 PINELENG  –  MANADO
 95361
Terima kasih & Salam

Tidak ada komentar: