Jumat, 07 September 2012

Ngalami Kasaenan Delem Gusti

NGALAMI KASAENAN DALEM GUSTI"
(Wohing Karohanen Taroanggro: Desa Reco-Kertek-Wonosobo)
 
           Akeh wong sing isih duwe panemu menawa uripe manungsa iku wus tinakdir dening Gusti. Begja utawa cilakaning manungsa iku pokoke gumantung babar-pisan saka sing Mahakuasa. Mula sandyan wong iku wis mbudidaya sakatoge, nanging yen durung dadi kersane Sing Mahakuwasa mau,  iya tetep ora bisa malih uripe. Panemu iku sing banjur marakake wong dadi nglokro lan pupus semangate, awit kaya-kaya manungsa iku ora bisa nemtokake nasibe dhewe lan kaya-kaya sing diarani kena takdir iku yen uripe manungsa saiki sangsara.

          Gagasan kaya mangkono mau ora bener. Awit Gusti Allah malah ngersakake supaya wong-wong iku padha slamet lan padha nampa karahayon.

          Ana ing urip padinan, mbok menawa kita ngadhepi rubeta kang akeh. Kita sesambat marang Gusti, "Duh Gusti, gesang kula punika awrat sanget!!" mBok  menawa kanthi mangokono, urip kita malah sangsaya kuat. Awit kerep wae Gusti Allah iku paring pitulungan marang kahanan kaya sing kita adhepi ing dina-dina iki.

          Ayo padha nyenyuwun marang Gusti, supaya kita mantep lan madhep ngayahi pakaryan ing donya kene (07 September 2012).
  
Markus Marlon MSC
 "Biara Hati Kudus"
Jl. Raya Pineleng   KM. 9
 PINELENG  –  MANADO
 95361
         
Sent by PDS
http://pds-artikel.blogspot.com

Tidak ada komentar: