Sabtu, 01 September 2012

Kekuatan Rohani Kang Ngedap-edapi

 
"KEKUATAN ROHANI KANG NGEDAP-EDAPI"
 
Ana wong saka stasi, nalika isih urip ana ing desa aktif banget ana ing kegiatan gerejani. Nanging bareng wis pindhah menyang kutha lan sawise oleh gawean, malah banjur ora njedhul ana gereja maneh (istilahe Romo Kanjeng:  "ilang  –  ngilang lan gawe sumelang" milis Serayu-net, 27 Juli 2012).  Mulane kancane banjur mikir-mikir, "Lho apa sebabe kok sawise kecukupan malah dari ora gelem aktif mangeh ana ing gereja?" Mangka sejatine uga duwe wektu.

Kancane banjur marani lan takon, apa sing njalari ora tau menyang gereja maneh. Wong mau mangsuli, menawa lagi nesu lan orang duwe semangat. Nalika didhedhes dening kancane, wong mau lagi blaka menawa sejatine lagi ana prakara sing njalari lesu lan ora semangat mau, yaitu marga lagi kecenthok, banjur kagol (Rm. Budyapranata Pr, Kumandhanging Sabda Dalem).

Kekuatan rohani utawa kekuatan batin iku senadyan ora katon, nanging nduweni kekuatan sing ngedap-edapi. Upamane yen ana wong lagi emosi lan banjur ngamuk, wong mau bisa ngrusak apa-apa.

Karohanen iku kudu kita olah, supaya ana ing kahanan apa wae tetap bisa urip ing jalur kang bener. Buku kang judule, Emotional-Spiritual Quotien tulisane Ary Ginanjar  Agustian (ing sasi  Ramadhan iki  ngisi acara "Ensiklopedi Islam – Leaders with Character") njlentrehake menawa ing urip kita kudu cerdas sacara spiritual.  Ana ing buku mau ditulis, menawa urip iku ana tujuane yaitu: "Sangkan Paraning Dumadi" (asal-usul titah kabeh iki dititahake saka Gusti Allah lan bali marang Gusti Allah). 

Kanthi sembahyang, semedi, nenepi, tetirah,  wiweka, ziarah lan ngalap berkah Dalem, urip karohanen kita bakal ngremboko. Akeh sarana  ana ing Keuskupan Purwokerto yaitu:  Gua Maria Kaliori, Hening Griyo lan saiki ana Taman Rohani Anggrung gondhok. Sumonggo!!!(27 Juli 2012)

Markus Marlon MSC
Skolastikat MSC
"Biara Hati Kudus"
Jl. Raya Pineleng   KM. 9
 PINELENG  –  MANADO
 95361
 
Web : http://pds-artikel.blogspot.com

Tidak ada komentar: